Raden Patah kaparingan lenggah adipati ing Bintara
2:52 PM
Add Comment
Babad Tanah Jawa (XXVII)
Raden Patah kaparingan lenggah adipati ing Bintara
Sang Prabu Brawijaya mirsani Raden Patah, Sang Prabu mandeng kemawon, ing wusana mundhut kaca pangilon. Sasampunipun ngaca Sang Prabu tansah mirsani Raden Patah. “Nyata bagus bocah iki, teka memper lawan panjenenganingsun.”
Lajeng kadhawuhaken...
lestari pamanggenipun wonten Bintara sarta kaparingan lenggah Adipati supados dados pangageng wonten Bintara.
Sasampunipun terang dhawuhipun Sang Prabu, Raden Patah kaliyan mundur tumuli atur sembah lumengser. Lampahipun Raden Patah boten lajeng kondur dhateng Bintara, saking karsanipun piyambak mampir dhateng Ngampel.
Kacariyos sampun panggih lawan gurunipun, Raden Patah nembah matur, “Pukulun amba kalilakaken matur ngengeti kawontenaning tetiyang Jawi ingkang sami ngrasuk agami Islam punika saweg sakedhik sanget, makaten punika saking pamanggih kula ketarik Ratunipun taksih dereng ngrasuk agami Islam. Pramila menawi nyondongi kula nyuwun idi sumedya ngrisak Majapahit, supados tetiyang Jawi tumunten Islam sadaya.”
Sunan Ngampel ngandika, “O angger putuningsun wruhanira, Ramanira Sang Prabu lupute apa, lah panjenengane ora nyegah wong Jawa kang ngrasuk agama Islam, lan kabecikane marang Ingsun wus akeh banget, kayata Ingsun diparingi arta nggili wae kebo sapi, lan panggonan iki kabeh. Apa maneh kauja sakarepku nggonku nggelarake agama. Dene tumrap Ramanira durung Islam, iku durung pinarengake dening Pangeran, mula sira aja nggege mangsa. Sabarna atinira.”
Sasampunipun imbal pangandika tumuli kadhawuhan lerem sawetawis dinten. Lajeng sampun antawis dangu wonten Ngampel, Raden Patah nyuwun pamit kondur dhateng Bintara, ugi sampun kalilan tumuli budhal. Sapraptanipun wonten Bintara panggalihipun taksih singkel, kacuwan dene boten sami kaliyan karsanipun, nanging boten pegat tansah kaesthi supados tumuli kaleksanan.
Sigeg gentos ingkang cinariyos, wonten ing padhukuhan Tarub wonten satunggaling randha taksih ayu enem, dereng kagungan putra, inggih punika tilas garwanipun Kyageng Tarub ingkang sampun murut dhateng alam kelanggengan, mila inggih aran mbok randha ing Tarub. Piyambake kepengin sanget supados kagungan putra. - Oleh : Damar Sri Prakoso
http://edisicetak.solopos.co.id/berita.asp?kodehalaman=h49&id=103835

0 Response to "Raden Patah kaparingan lenggah adipati ing Bintara"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan