Gamelan antuk kawigaten negara liya
8:31 AM
Add Comment
Gamelan antuk kawigaten negara liya
Ing mancanagara, gamelan ora amung awates seni musik, nanging wus kanggo terapi utawa sarana olah rasa lan batin tumrape pawongan kang lagi nandhang lara utawa tatu amarga nampa lelakon urip kang ora kapenak.
Kaya kang dipratelakake dening....
Rahayu Supanggah, komposer kondhang, ing jaman modheren iki gamelan dadi musik kang dikaremi dening warga mancanagara. Malah ing nagara-nagara manca, gamelan wus didadekake wulangan mligi ing papan pawiyatan lan ajeg dibabar ing saben kalodhangan.
Solopos- “Akeh kang nggatekake gamelan lan kesengsem marang jinis musik kang diasilake saka tetabuhan gamelan amarga ngamot piwulang-piwulang budaya kang dibutuhake manungsa. Nalika wong-wong padha repot lan entek wektune kanggo ngayahi gaweyan lan karepotan urip, kabeh banjur mbutuhake nenepi lan semedhi kanggo menepake rasa lan lakune. Ing bab iki, wong kang lagi nglakoni kuwi rumangsa marem lan ayem manawa ngrungokake gamelan,” ujare Supanggah nalika medhar andharan ing sawijining pirembugan, ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, sawetara wektu kapungkur.
Sejatine gamelan iku saliyane ngamot seni uga ngamot piwulang budaya. Beda karo musik jinis liya kang akeh-akehe amung dadi wujude seni. Dene gamelan utawa musik etnik liyane genahe ngamot seni lan piwulang budaya, lan bisa dadi ciri mligine kabudayan dhaerah tartamtu. Dene ing jaman saiki kang akeh payune utawa dadi golekane warga bebrayan dudu senine, nanging piwulange.
“Nalika awake dhewe mlebu ing jagad industri kreatif, kesenian kang digarap dening seniman kuwi akeh-akehe digatekake ana ing senine, dudu budayane. Mula ora maido manawa akeh seni kang kajabut saka budayane,” tandhese Supanggah.
Nyebar
Piwulang budaya kang dijlentrehake Supanggah antarane piwulang karukunan, rasa guyub, kajujuran utawa bares, ora bakal mbedak-mbedakake sanajan beda lan liya-liyane. Piwulang iki kabeh kakandhut jroning gamelan. Nalika wong nabuh gamelan, kabeh duwe cekelan lan antuk jejibahan tabuhan dhewe-dhewe nanging tetep laras mlaku bareng. Kabeh rukun, guyub, sarta ngajeni siji lan sijine.
“Mula, sing dadi golekane wong manca saiki dudu senine jroning kasenian, nanging piwulang kang kakandhut ing njerone. Contone ing gamelan mau. Akeh banget piwulang budaya kang becik kang bisa didudut lan ditrapake ing urip bebrayan,” ujare.
Dene I Wayan Rai S saka ISI Denpasar, nandhesake manawa musik Bali kang nggunakake gamelan uga wus nyebar ing nagara ngendi-endi ing donya iki. Contone ing Australia, Jepang, nagara-nagara Eropa, Amerika, Amerika Latin, lan liya-liyane.
“Musik Bali uga wus mlebu kurikulum ing pawiyatan luhur ing mancanagara. Kurang luwih saka 50 panggung ing wilayah Amerika, 35 ing antarane wus duwe gamelan. Ing California ana 20 kutha kang duwe gamelan, Ing Walanda ana pura gedhe, Chile, Peru, Afrika, ya wus duwe gamelan,” pratelane I Wayan Rai, ngudhar prakara musik Bali.
Disebutake jinis gamelan Bali kang sumebar ing nagara-nagara kuwi antarane gong kebyar, samara pagulingan saih pitu, samara pagulingan saih lima, genta pinara pitu, samaradana, gender wayang, batel wayang, angklung klentangan, gambang. Saliyane iku isih ana gamelan gambuh, bleganjur, gong suling, rindhik, jegog, lan slondhing. “Kenapa warga mancanagara padha kesengsem kepengin sinau musik Bali? Amarga kepengin sinau musik liya, kepengin antuk inspirasi anyar, pengin sinau kabudayan Bali liwat musik, kepengin sinau tatanan sosial masarakat Bali, utawa kanggo panglipur ati,” pungkase. - Oleh : Damar Sri Prakoso
0 Response to "Gamelan antuk kawigaten negara liya"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan