Ramabargawa nggayuh kamuksane ing tangane Rama
8:17 AM
Add Comment
Ramabargawa nggayuh kamuksane ing tangane Rama
Aku kasengsem karo andaran cerita iki, sing dimuat ana surat kabar solopos,Edisi : Kamis, 20 Januari 2011 , Hal.VIII. dene andaran cerita mau judule, Ramabargawa nggayuh kamuksane ing tangane Rama.
Ramabargawa duwe jeneng liya yakuwi Resi Jamadagni. Ramabargawa yakuwi putrane Resi Wiragni, ibune Dewi Renuka. Dene kakange jenenge Resi Suwandagni kang ora liya bapake Bambang Sumantri lan Bambang Sukasrana.
Ramabargawa selawase urip ora....
kawin utawa wadat lan kekaremane ngulandara mider jagad kanthi nggawa gaman pethel kang jenenge Parasu sarta panah Bargawastra.
Pawakane Ramabargawa iku gedhe dhuwur kaya dene Bathara Bayu. Ramabargawa uga ajeg ngasah kasektene. Saben ana satriya kang sekti mandraguna mesthi banjur ditantang perang tandhing. Becike, Ramabargawa ora tau teluk ing tangane satriya-satriya kang wus ditantang mau lan padha ora bisa nandhingi kasektene Ramabargawa. Mula, dheweke ya malah nglokro nglakoni urip. Apa maneh saiki umure sansaya tuwa. Ramabargawa kepengin banget bisa muksa.
Satengahe laku, Ramabargawa antuk pituduh dening Bathara Narada manawa kang bisa merjaya sarta bisa ngrewangi Ramabargawa nggayuh kamuksane yakuwi satriya titisane Bathara Wisnu.
Kocap kacarita, nalika Sri Ramawijaya arep mboyong bojone, Dewi Sinta, Ramabargawa sengaja nyegati lakune banjur ngajak perang tandhing karo Sri Ramawijaya. Dening Sri Ramawijaya kang ora liya minangka satriya titisan Bathara Wisnu iku, apa panjaluke mau disanggupi. Nalika perang tandhing iku, Ramabargawa nemahi pati lan bisa nggayuh kamuksane. - Oleh : Damar SP
http://edisicetak.solopos.co.id/zindex_menu.asp?kodehalaman=h48&id=98805
0 Response to "Ramabargawa nggayuh kamuksane ing tangane Rama"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan