Birokrat Solo apa wus njawani?
7:33 AM
Add Comment
Edisi : Kamis, 20 Januari 2011 , Hal.VIII
Birokrat Solo apa wus njawani?
Solo the spirit of Java dadi sawijining slogan kang njanjekake bisa minangka jatidhiri jiwane wong Jawa ing tlatah Kutha Solo lan sakiwa tengene.
Kanthi slogan iki uga diajab bisa nggugah semangate kabeh warga supaya patrap lan solah tingkahe bisa bener-bener njawani.
Nanging seprene iki apa wus ana owah-owahan patrap sarta solah tingkahe para warga, kaya kang dikarepake mau? Lha patrape para pegawe lan birokrat ing Pemkot Solo apa ya wus padha njawani?
Miturut panyawange....
Pangarsa Forum Bawa Rasa Tosan Aji Soedjatmoko, IA Joko Suyanto, jroning budaya jawa blegere pegawe utawa birokrat dianggep minangka patuladhan. Kawula alit lumrahe ngaca lan nulad apa-apa kang dituduhake dening patrap lan solah tingkahe para birokrat ing urip padinan, nalika dines utawa kelumrahan ing tengah masarakat.
“Saiki kari disawang lan dirasakake, apa para pegawe iku padha duweni sopan santun, unggah ungguh, budi pakerti, tata krama kang njawani?,” pitakone Joko, nalika ditemoni Espos ing kantore, sawetara wektu kapungkur.
Sejatine manawa para birokrat nggatekake apa kang dadi sumpah prasetyane minangka pegawe, ana pitakonan kang isih ngganjel ing ati ngenani pangetrapan perilaku kang njawani. Apa wus padha nglakoni? Kapan maneh manawa ora saiki?
Dhoyong
Nyawang kahanan iki, jarene Joko, Forum Bawa Rasa Tosan Aji Soedjatmoko nyoba ngudhar keris minangka bahan pamikiran. Wujud keris iku sejatine dipara dadi rong perangan baku, yakuwi wilah keris kang nglambangake wujud lingga lan ganja kang nglambangake wujud yoni.
“Jroning falsafah Jawa kuna, nyawijine lingga lan yoni nglambangake pangajab tumrap kasuburan, kalestarenan lan kakuwatan. Kanggo nggayuh apa kang dadi pengarep-arepe mau kita prelu ngasilake karya sarta nggugu saperangan pitutur luhur kayata aja gumunan, aja kagetan, aja mburu menange dhewe, aja nggege mangsa, aja nggugu karepe dhewe, aja nuhoni benere dhewe, aja pijer mangan nendra,” pratelane.
Wilah keris wujude ora jejeg ndlujur nanging kudu miring utawa dhoyong, iki nglambangake sipate wong Jawa, yakuwi apa wae pangkat lan derajate kudu tansah ndhingkluk lan urmat ora amung marang Sang Hyang Widi nanging uga marang sepadhane. Kaya dene ilmu pari, sansaya isi sansaya ndhingkluk.
“Manawa uripe manungsa iku bebasan kaya cakra manggilingan, rikala lagi ing ndhuwur utawa antuk kaprecayan saka pamarentah utawa rakyat samesthine ajeg waspada lan bisa ngendhaleni nepsune supaya ora nganti aji mumpung, tumindak sakapenake udele dhewe, apa maneh nganti nglalekake kuwajiban, aturan sarta piwulang becik kang diugemi masarakat,” ujare.
Dene apa-apa kang prelu disingkiri yakuwi aji mumpung. Upamane mumpung kuwat lan sugih banjur tanpa arah-arah, mumpung pinter banjur sembrana nerak wewaler, mumpung kuwasa sapa sira sapa ingsun, mumpung sugih banjur nyenyamah karo sing ringkih, mumpung menang banjur sawiyah-wiyah marang liyan. - Oleh : Damar Sri Prakoso
http://edisicetak.solopos.co.id/zindex_menu.asp?kodehalaman=h48&id=98808

0 Response to "Birokrat Solo apa wus njawani?"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan