-->

Mula Bukane Arab-Israel Dadi Mungsuh Bebuyutan

Mula Bukane Arab-Israel Dadi Mungsuh Bebuyutan

Amarga perang Israel karo negara-negara Arab kaya tanpa kendhat, wong mesthi pengin weruh piye ta mula bukane Israel dadi musuh bebuyutane bangsa Arab. Pranyata kuwi kawiwitan saka taun 1000 SM (sadurunge Masehi).
Jayabaya.wordpress.com - Jaman semana wangsa Yahudi wis manggon ing Palestina. Senajan Yahudi bangsa sing pinter, nanging bola-bali kudu teluk marang bangsa Assyria, Babylonia, Persia, Yunani, lan Mesir. Ewa semono tetep bae manggon ing negarane, nganti mangsane penjajahan Romawi sing mahanani owah-owahan.
Krajan Romawi nalika ndeleng
ketrampilane bangsa Yahudi wiwit mikir nedya amek manfaate. Ketrampilane bangsa Yahudi sing dianggep bisa nguntungake kuwi banjur disebar ing pirang-pirang wilayah krajan Romawi sing jembar banget. Wiwit taun udakara 300 SM wong-wong Yahudi disebar menyang dhaerah-dhaerah Romawi, kejaba ing Britania.
Wong-wong Yahudi kuwi didadekake petani lan peternak ing dhaerah Mesopotamia. Mbangun dalan ing Afrika Lor, dadi pelayan-pelayan ing Jermania. Petani anggur lan jeruk ing Prancis lan Spanyol. Ing dhaerah Roma dhewe wong-wong Yahudi didadekake tukang tenun, seniman, mbakar roti, nglakokake laku dagang lan teknik, sarta gawe perhiasan lan bekakas perang.
Pemerintah Romawi aweh kelonggaran marang bangsa Yahudi. Longgar nglakoni agamane, nindakake hukum Yahudi ing kalangan Yahudi, lan bebas tugas militer. Kalonggaran ora antuk tugas militer kaya-kaya dadi pamrihe pemerintah Romawi supaya bangsa Yahudi ora mbalela.
Saka meh telung yuta wong Yahudi (nalika semana), mung sethithik sing manggon ing dhaerah Palestina. Sing dienggoni Yahudi ing panggonan-panggonan suci kaya ing Safed, Tiberia, Hebron, lan Jerusalem.
Wiwit kuwi bangsa Yahudi dadi bangsa lelana. Sawise taun 1.000 nganti 1.500 merga didhesek terus dening krajan Turji lan bangsa Arab sing wis ngenggoni dhaerah-dhaerah sing ditinggalake Yahudi, sumebare bangsa Yahudi saya mratah. Tekan ing tlatah Polandia, krajan Ottoman, nganti tekan Britania Raya, lan kawasan Eropa Lor.
Saliyane nambah cacahe ing panggonan-panggonan sumebare sing kawitan kayata ing Prancis, Spanyol, Portugal, Austria, Jerman, Italia, Sardinia, Sisilia, Hongaria, lan Semenanjung Krim. Meh ing saben kutha-kutha penting kaya Alexandria, Kairo, Tripoli, Tunis, Amsterdam, Antwerpen, Smyrna, Konstantinopel, bangsa Yahudi, padha ndhapuk bebrayan Yahudi secara kelompok.
Watara taun 637 lan 1.000 Masehi bangsa Arab Muslim tumplek bleg ngenggoni Palestina lan wilayah Israel saiki. Amarga watake wong Arab sing cukup toleran (semanak), wong Yahudi banjur kepengin padha bali menyang panggonane sekawit, ing Israel saiki. Saya suwe saya akeh wong Yahudi sing mbalik. Akibate wong Arab karo Yahudi wiwit ora harmonis, ana gesekan sethithik baka sethithik. Kerep bae dhaerah sing wis suwe dienggoni bangsa Arab atusan taun lawase kuwi (wiwit ditinggal bangsa Yahudi biyen) dening bangsa Yahudi dijaluk maneh merga dianggep minangka tanah air lan duweke bangsa Yahudi.
Iya wiwit kuwi mula bukane Zionisme mekar. Toleransine bangsa Arab dianggep kalonggaran dening Yahudi, banjur nekakake wong-wong Yahudi saka ngendi-ngendi menyang Palestina. Ing taun 1492 wong-wong Yahudi saka Spanyol padha teka. Taun 1495 saka Lithuania, 1497 saka Portugal, Sisilia, lan Sardinia, 1502 saka Rhodesia, lan 1541 saka Napoli. Nalika kabawah prentah pemerintahan Ottoman sawise 1517, wong-wong Yahudi wiwit mili saka Eropa mbanjiri Palestina.
Watara 1880-1914 udakara 60.000 wong Yahudi mlebu Palestina saka Rusia, Rumania, lan Polandia. Senajan ora ngenggoni panggonan asal saka embah buyute, nanging ngenggoni dhaerah-dhaerah sakupenge Tel Aviv saiki.
Taun 1909 Tel Aviv dibangun, banjur nukoni tanahe tuan-tuan tanah wong Turki lan Arab kanthi rega larang. Dening wong-wong Yahudi sing racake sugih pengalaman, dhaerah-dhaerah sing anyar kuwi enggal-enggal dibudayakake, lan ing bab iki wong-wong Arab “ketinggalan”. Ing kutha-kutha kaya Safed, Tiberia, Jerussalam, Hebron, Jaffa, lan Gaza, sing pendhudhuke campuran Arab lan Yahudi ing taun 1900 wiwit bentrok cilik-cilikan.
Sureme jaman emas Islam muwuhi panjurung tumrap bangsa Yahudi nggenjot mekare Zionisme. Ora nggumunake bentrok-bentrok sing netesake getih wiwit kedadeyan. Awal 1900 nganti 1914 wiwit kerep kedadeyan bentrok-bentrok gudras getih antarane Arab mungsuh Yahudi kaya ing Petah Tikva, Gedera, Rehobot Ness Zioni, Benshemen, Hadera, Sejera, Yapmiel, Degania, Kinneret.
Wiwit taun 1891 wong-wong Arab wis ngirim petisi menyang Konstatinopel (minangka panguwasa wektu semana) amrih ditampik lan diwatesi baline wong-wong Yahudi menyang Palestina.
Wulan Mei lan Juni 1914 organisasi-organisasi resmi Zionisme lair ing Jerusalem, Jaffa, Haifa, Kairo, lan Beirut. Uga ing Konstantinopel lan Damaskus. Surat-surat kabar anti Zionisme ngabarake aja nganti ngedol tanah marang wong Yahudi senajan kanthi rega larang banget.
Tanggal 25 Oktober 1915, sajroning perang Arab-Turki, Sir Mc. Mahon aweh semaya (janji) marang Raja Hussein lan Arabia kanggo pambiyantu lumawan Turki. Kanthi syarat ana dhaerah-dhaerah bebas kanggo wong Yahudi ing Palestina ora bisa dilepas saka wong Arab. Rampunge perang iki didadekake dhasar-dhasar tumrap negara Israel, yakuwi Inggris lan Perancis campur tangan lan masalah iki digawa menyang Paris (1919). Kanthi mengkono dhaerah-dhaerah Arab dadi bawah pengawasane Sekutu sarampunge perang kanthi kalahe Turki.
Irak lan Transjordania (wusana aran Yordania) ing bawah mandat Inggris taun 1921 lan merdeka sowang-sowang taun 1932 lan 1946. Syria lan Lebanon ing bawah pengawasane Perancis mardika taun 1943 lan 1944. Negara-negara Arab liyane antuk subsidi saka Inggris sing banjur madeg dhewe.
Wilayah Palestina sejatine diwenehi kebebasan taun 1922, nanging bangsa Arab lan Yahudi sowang-sowang padha klaim (ndhaku) dhaerahe. Kanggo ngatasi dianakake Balfour Declaration taun 1917 lan 1920. Palestina katetepake duweke Yahudi saperangan, lan saperangan liyane kanggo wong Arab. Wektu kuwi wis katon sesulak padhang nalika Emir Faisal tanggal 3 Maret 1919 nelakake marang Felix Frankfurter, antarane:
“Kita wong-wong Arab, utamane kaum intelek (terpelajar), ndeleng klawan simpati sing jero marang gerakan Zionisme sing murni. Kita banget mangerteni marang pepenginane wong Yahudi mbangun saweneh panggonan. Kita pengin nyambut gawe bebarengan mbangun maneh Timur Dekat sing anyar, lan saling bantu-binantu. Gerakan iki sauger murni, kita anggep gerakan nasionalis, lan ora awatak imperialis. Ing kene kita wong-wong Arab nyediakake wilayah kanggo bangsa kekarone. Temenan, ora bakal sukses tanpa nyambut gawe bebarengan siji karo liyane.”
Nyatane, pratelane iku ora bisa dilekasi kaya apa mesthine. Gerakan Zionisme ngusulake ambane dhaerahe saka Akaba ing brang Kidul, nganti Sidon ing imbang lor, saka Jaffa lan Tel Aviv ing kulon nganti nyedhaki Amman ing wetan bageyan tengah, sawenehing dhaerah sing manut wong Arab kebangeten lan nglimputi meh kabeh Palestina. Kutha Jaffa lan sakubenge sing jelas dhaerahe wong Arab, beda karo Tel Aviv. Kerusuhan meh bae kedadeyan wektu iku uga. Untunge kaum Zionis iku usule ditampik ing prajanjian Paris wulan Pebruari 1919.
Sabanjure saya gawat. Konflik-konflik sing ngutahake getih kedadeyan ing taun 1920. Saya ndadi nalika saya tambah akehe imigran Yahudi. Udakara 16.500 wong saben taun mlebu Palestina. Konflik-konflik antarane bangsa Arab lan Yahudi wiwit migunakake gegaman. Kerusuhan awal Maret 1920 nyebabake penganjur imigrasi Yahudi, Josef Trumpeldor, nemahi tiwas.
Ing wulan Juni taun kuwi wong-wong Yahudi wiwit ndhapuk barisan sukarela ngadhepi wong-wong Arab. Nuli kedadeyan bentrokan gudras getih ing wolung panggonan. Akhir taun kuwi persatuan buruh Yahudi Histadrut wiwit ngorganisasi luwih akeh imigran Yahudi menyang Palestina, mbangun industri lan wilayah-wilayah pertanian, sarta miwiti kampanye ngobarake semangat ngadhepi wong Arab.
Taun 1921 saya akeh imigrasi Yahudi menyang Timur Tengah. Bangsa Arab ngajokake protes marang Inggris sing nyekel mandat. Sawise ngliwati mangsa-mangsa gawat, wusana Komisaris Tinggi Inggris Sir H. Samuel (sing bangsa Yahudi) mrentahake matesi cacahe wong Yahudi sing mlebu menyang Palestina. Malah sing wis ana ing “perairan” Palestina ora entuk ndharat. Yordanina katutup kanggo wong Yahudi. Nanging kerusuhan-kerusuhan ora bisa diendhani, utamane ing dhaerah-dhaerah pertanian.
Rupane wong-wong Arab nyerang lan nedya ngrusak sumber-sumber pertanian lan perkebunan Yahudi. Wulan Nopember taun iku barisan sukarela Yahudi ditingkatake dadi laskar bersenjata sing luwih teratur lan dijenengake Haganah, sing dadi awal lan cikal bakale angkatan bersenjata Israel. Markas-markase madeg ing wilayah kidul Palestina ing Shekhumat, ing Geva wilayah tengah, Ayelet, Hashahar, sarta Giladi ing wilayah lor.
Patang taun sabanjure wong-wong Yahudi mekarake dhaerah mukime kanthi ngenggoni lan nuku tanah-tanah cedhak tapel wates Yordania. Danane saka dana Zionis. Tanah-tanah tandhus didadekake tanah pertanian, sekolahan-sekolahan, lan industri nandhingi pemukiman Arab ing sakubenge, nyababake swasana dadi saya adhem-panas.
Bubar ngono rada suwe swasanane tentrem tanpa bentrokan. Nganti taun 1928 ana kira-kira 590.000 wong Arab, lan luwih saka 150.000 imigran Yahudi sing wis manggon ing Palestina. Wong Arab saya kumesar lan taun 1929 wiwit kedadeyan maneh kerusuhan-kerusuhan. Kerusuhan wulan Agustus ing Jerusalem niwasake wong Yahudi cacah 133 lan kang nandhang tatu 339 wong. Wong Arab sing tiwas 116, ing antarane cacah 6 kaprejaya dening aparat keamanan Inggris sing nedya nyirep geni kerusuhan kuwi.
Saya akehe arus imigrasi Yahudi menyang Palestina kuwi amarga ing Eropa wong-wong Yahudi dadi buron krana muncule tokoh Nazi Jerman sing spektakuler. Hitler ngumandhangake prinsip mungguh wong Aria iku uber alles dene wong Yahudi dianggep rival (tandhingan) sing kudu disirnakake.
Cilakane gerakan anti Yahudi (Semit) iki enggal jembar tebane ora mung ing Jerman nanging uga ing Rusia, lan sawatara gerakan ing Prancis, Inggris, lan mesthi bae ing Palestina lan dhaerah-dhaerah Arab senajan motivasine beda banget.
Ing Ukraina lan Rusia Putih tentara anti Bolsewik mateni luwih 100.000 wong Yahudi antarane taun 1917 nganti 1921. Mulane luwih saka 200.000 wong Yahudi liyane sumebar lunga saka dhaerah kono menyang pelosok-pelosok Eropa lan Rusia Wetan.
Saka Jerman buron Yahudi udakara 3.000-nan lumayu menyang Swedia, 71.000 menyang Inggris (nanging saperangan dikuwatiri dadi spion Jerman lan diancam anti Yahudi ing Inggris) 30.000 mlayu menyang negara Walanda, 25.000 menyang Belgia; 20.000 menyang Prancis; 8.000 menyang Chekoslowakia; 6.000 menyang Hongaria. 370.000 wong Yahudi saka dharatan Eropa mlayu menyang Amerika Serikat.
Sing nedya menyang Palestina ing taun-taun 1939-944 udakara 135.000-nan saka pirang-pirang panggonan ing Eropa, antarane 90.000 kanthi nandhang kangelan numpak kapal, sepur, dene liyane klawan carane dhewe-dhewe lan mlebu krana cara illegal menyang Palestina. Sabanjure wong Yahudi sumebar ing saindenging jagad ora beda kaya ing Cina lan Jepang.
Sawatara kuwi kamp-kamp konsentrasi kanggo wong-wong Yahudi dibangun ing Jerman lan klawan wengis kamp-kamp iki nyirnakake wong-wong Yahudi nganggo cara sing nyendhal ati. Ing Jerman ana sangang panggonan kamp konsentrasi raseksa, liyane ing Prusia (1), ing Ceko (1), ing Polandia (6), Austria (1), kabeh iku mesthi bae atas prakarsane Jerman. Dinuga watara 5.800.000 wong Yahudi (bisa luwih) dipateni klawan wengis dening Jerman engga taun 1945. Mangka cacahe wong Yahudi wektu kuwi mung 8.700.000.
Ing Palestina memungsuhan terus tanpa leren. Taun 1936 wong Arab wiwit kampanye maneh. Saka wulan April nganti Mei taun kuwi ana kerusuhan ping 25 korbane wong 26 mati. Wong Arab 15 mati dening aparat keamanan Inggris. Akhir Mei lan Juni kerusuhan kedadeyan ping 30, wong Arab nyerang Yahudi korbane Yahudi 12 lan Arab 10, polisi siji lan warga Austria katut dadi korban.
Cundhuk karo irahane tulisan iki, kaya ora perlu kita terusake kepriye ikhtiyar sabanjure kanggo mungkasi perang Arab-Israel iki. Sabab PBB uga ora bakal bisa ngatasi kejaba yen inisiatife saka Israel lan Arab dhewe. Soale, iki dudu prekara perang akibat diplomasi sing gagal, nanging prekara rebutan hak atas wilayah negara kaya sedulur rebutan warisan.
Ature: Anie Soemarno
http://jayabaya.wordpress.com/2007/01/16/mula-bukane-arab-israel-dadi-mungsuh-bebuyutan/#more-98

Berlangganan update artikel terbaru via email:

0 Response to "Mula Bukane Arab-Israel Dadi Mungsuh Bebuyutan"

Post a Comment

mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel