Ninggar
9:23 PM
Add Comment
Ninggar
Cerita cekak iki tak petik saka surat kabar Solopos Edisi : Kamis, 06 Januari 2011 , Hal.IX. wilujeng maos nganti paripurna.
Saben-saben dak sawang bocah kuwi, rasane sumendhal, suk-sukan jroning atiku.
Ninggar, bocah lola kang dak jupuk saka emperan toko 10 warsa kepungkur, saiki wis katon ayune. Sak solah bawane dhemes nyenengake. Polatane sumringah, eseme banget nggemesake
Sadurunge pawongan kang saiki turu ana ing kamar tamu kae tumeka ing omahku, Ninggar, kaya dene kanugrahaning Gusti Allah kang pancen diparingake tumrap aku lan sisihanku. Nadyan ora diparingi turun, parandene Gusti Kang Nggelar Jagad isih maringi momongan, kanthi dalan kang ora kanyana-nyana.
Wis 10 tahun Ninggar dadi
rabuking uripku, dadi kembang wangi jroning keluargaku. Tangis lan guyune awan bengi dadi lelangen kang nentremke ati. Apa maneh bocah kang nduweni kulit putih resik iki diparingi rupa ayu. Sasat kajugrugan wukir madu uripku. Mula nadyan rekasa, apa wae lan piye wae dak lakoni kanggo golek rejeki, nyukupi kabutuhane Ninggar. Prasasat sikil dak anggo sirah, sirah dianggo sikil, dak ewangi dodolan bathik tekan njaban kutha, lan kudu sregep nguber rejeki halal kanthi dalan maneka warna. Kabeh mau dak lakoni amarga kasurung rasa asih lan tresna marang Ninggar. Aja nganti ing tembe dheweke kecingkrangan marga aku lan bojoku kurang nyukupi ing babagan pendhidhikan lan kabisan liyane.
Wus watara 2 tahun iki, Ninggar malah nggilut ing olah beksan ana ing sanggar nDalem Mangkunegaran. Solah bawane kang luwes merak ati, pawakan dhuwur lan eseme kang pinter ndudut ati, pranyata isih ditambah bakat kang mumpuni. Mula ora mokal menawa Ninggar cepet pinter olah kridhane beksa, lan wus pirang-pirang ambalan didhawuhi makili sanggare, pentas ana ing adicara-adicara seremonial.
Kabeh mau dadi mongkoge atiku sakloron. Kaya-kaya jagad iki sing mulya yo mung awakku lan bojoku. Nanging, dumadaken, pawongan kang jeneng Hertyasning iku teka ing ngomahku. Wancine sore udan riwis-riwis. Kang nampa tekane mung bojoku, amarga aku lagi ana urusan dodolan bathik. Pawongan kuwi banjur crita menawa dheweke nggoleki anak kang nalika semana diguwang ana ing emperan toko ing pinggire kutha Solo. Hertyasning crita lamun tandha toh ing pupune Ninggar, lan layang kang ditlesepke ing popoke Ninggar, temen-temen layange dheweke marang sok sapa wae kang kasdu ngopeni marang anake. Kabeh jebles marang kahanane Ninggar nalika dak temu ana ing emper toko. Wektu kuwi, bojoku ora kuwat ngampah rasa kagete banjur nggliyeng, ora eling apa-apa.
Dhuh Gusti Allah, aku kudu kepriye. Rasane pengin nundhung wong wadon kuwi kang dumadakan ngogak-ogak kabagyane kulawargaku. Nanging piya piye wae, dheweke wanita kang ngandhut lan kang nglairake Ninggar. Dheweke kang dadi lantaran ananing Ninggar ana jagad padhang.
Eloke, kaya ora nduweni rasa pakewuh, Hertyasning panggah kepengin nginep ana ing omahku sawetara suwe nganti Ninggar gelem diajak melu dheweke urip neng Bandung.
Laras, bojoku kang kelangan sumehe wiwit tekane Kemuning, wengi iki tambah katon mbesengut. Wiwit Maghrib nganti meh tengah wengi, mung nyingkur aku.
“Mbok ngomong ta Jeng. Yen mung meneng kaya ngono kuwi apa aku bisa ngerti karepmu,” pitakonku lirih.
Laras panggah tetep meneng. Wus bola-bali aku ngejak omongan, jawabe ora ana liya mung meneng, babar pisan ora semaur. Saiki, dudu omongan sing dak rungu, nanging malah tangise. Laras nangis. Dhuh, apa salahku apa dosaku dene sisihanku kang banget dak trisnani malah nangis sesenggukan kekelon bantal.
Alon-alon dak cedhaki, dak brengkal astane. “Jeng, apuranen yen aku kebangeten bodho, ora ngerti kasedhihanmu. Terus awake dhewe iki kudu kepriye ngadhepi kahanan iki,” pitakonku. Aku duwe panduga, bojoku kekes mikir polahe Hertyasning kang adreng pengin njaluk baline Ninggar.
“Panjenengan kuwi pancen kebangetan kok Mas. Wong kakung kok ora nduweni kewanen. Yen ora ditegeli, wong edan kuwi mesthi bakal nekad ngejak lunga Ninggar.”
Nadyan wis biasa ngrungokake nesune bojo, nanging pisan iki rasane ndhodhog ati. Apa bener aku wong lanang sing ora duwe kewanen. Yen mung nundhung ngakon minggat Hertyasning, rasane ora sepira abot. Nanging apa kuwi dudu tumindak kang sawenang-wenang marang liyan. Dikapak-kapakna wae, wong wadon kuwi ibu biologis-e Ninggar, nadyan Ninggar ora tahu gelem ndhaku menawa Hertyasning kuwi ibune. Kanggone Ninggar, ibune ya Laras, dudu wong wadon kang ujug-ujug, ora ana udan ora ana angin ngaku-aku dadi ibune.
Aku pancen ngarih-arih Hertyasning supaya aja meksa Ninggar. Sawetara cukup diaku bulik wae. Nanging aku pancen ora tegel ngakon wong kuwi lunga saka omahku. Aku lan bojoku uga ora gelem nampa nalika dheweke menehi dhuwit kanggo prabeya uripe ana omahku. Aku lan bojoku malah muntab nalika dheweke menehi dhuwit kanggo ngganti prabeya ngasuh Ninggar 10 tahun. Kaya-kaya, tangan iki kemitir kepengin nyampluk, nanging, aku isih bisa ngampet panasing ati. Anehe, Hertyasning tetep njaluk supaya dheweke isa nyawang Ninggar saben dina, bisa cecedhakan saben dina. Lan samangsane Ninggar uwis bisa nampa kahanane, Ninggar bakal diajak urip ana Bandung.
Pangakune, dheweke wis bisa nata urip, uwis duwe usaha kang lumaku becik lan lancar bareng karo sisihane kang saiki.
Nanging terus kepriye badhare lelakon iki?
***
Wanci esuk, nalika aku mbukak lawang kamar, tanpa kanyana Ninggar wis ngadeg jejer neng ngarepku.
“Lho, ngapa Ndhuk?” pitakonku.
“Bapak, kala wau dalu Bulik Tyas ngajak kesah kula?”
“Ha, kurang ajar temen pokale. Terus piye Ndhuk?”
“Kula mboten purun, kula nangis, lajeng Bulik ugi nangis. Bapak, napa leres Bulik Tyas niku Ibu kandhung kula?”
Sasat kaya nguber maling, aku mlesat nyang kamar tamu. Nanging, kamar kuwi suwung. Ing meja, ana dluwang salembar, uga ana amplop. Dak waca tulisan kuwi:
Mas Enoh lan Mbak Laras kang luhur budi
Apuranen aku kang dadi gawemu, kang ngrusak kamardikanmu sakloron sawatara dina iki. Pancen aku ibune Ninggar, kang ngandhut Ninggar 9 wulan 10 dina. Nanging, aku ngoncati tanggung jawab. Saiki, nalika aku pengin netepi tanggung jawabku, Ninggar wis adoh saka tanganku. Tanganku ora keduga nututi sesambungan kang pedhot 10 tahun lawase. Aku sadhar, wektu 10 tahun Ninggar jroning pangrengkuhmu, ora bisa dak tuku kanthi apa wae, nganggo lantaran apa wae.
Aku pamit Mas, nanging aku nyuwun tulung, dhuwit ing njero amplop kuwi muga bisa sithik-sithik mbantu nggedekake Ninggar. Mbesuk, muga ana lelakon aku ngerti kridhane anakku wedok kang moncer, wasis beksa, uga pinter lan ayu...
Tyas
Dak remet layang kuwi. Nanging, kaya dilolosi tenagaku, aku ngadeg nggejejer kaya patung. Nalika Laras ngadeg neng sandhingku, dak ulungake layang kuwi. Kembeng-kembeng luh meh tumetes saka mripatku. Aku bungah, merga lelakon iki kaya-kaya wis rampung. Nanging uga sedhih, aku melu ngrasakake rekasane atine Hertyasning. Pait. Nanging aku kudu siyap-siyap, nalika ing tembe Ninggar pitakon, sapa satemene dheweke... - Oleh : Suwarmin Mulyadi
0 Response to "Ninggar"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan