Paceklik
9:08 PM
Add Comment
Paceklik
cerita cekak kanthi judul "Paceklik iki" tak petik saka surat kabar solopos,
Edisi : Kamis, 13 Januari 2011 , Hal.IX
Sabari bali sangka sawah. Praupane katon mrengut. Pacul lan capinge diuncalake neng pojok pawon. Tanpa wijik sikil, tanpa raup, Sabari langsung ngglethak ana bangku pring ing tritis pawon.
“Apa tanduran jagungmu isih seger, Kang?” pitakone sing wadon sinambi adang lan nyacah kates ijo kanggo sayuran.
Sabari ora mangsuli, mung
unjal ambegan karo meremake mripate. “Nek tanduran jagungmu wis garing, ora usah nggresula, Kang. Luwih becik enggal-enggal nyusul Kang Parto neng Jakarta. Ing mangsa sing manjing ketiga iki menawa wae akeh proyek sing mbutuhake kuli,” gunemane sing wadon.
Sirahe Sabari dumadakan krasa puyeng. Mangsa ketiga sing sajake rada kecepeten tekane pancen bener-bener nyusahake wong-wong tani kaya dheweke.
Minangka wong tani sing mung bisa nggarap sawah tadhah udan, saben mangsa katiga kaya-kaya pancen kapeksa kudu minggat menyang kutha.
Nanging Sabari ora arep minggat maneh nyusul Kang Parto sing dadi mandhor proyek neng Jakarta. Dheweke wis kapok dadi kuli proyek sing nyambut gawene mbangun gedhung loteng sing dhuwur. Ing taun sing wis kapungkur, Sabari tau meh tiba sangka ndhuwur loteng nalika mlaku karo mondhong sakarung semen.
Sikile kepleset, untunge tangane bisa nyandhak palang pring saengga dheweke gumantung sadurunge ditulung kanca-kancane. Kedadeyan sing mbebayani iku banjur gawe trauma.
“Beras lan gula wis kari sithik,” gunemane sing wadon maneh.
Sabari unjal ambegan maneh sing saya landhung. Wis rong sasi dheweke karo sing wadon lan anake mung mangan sega tanpa lawuh kajaba oseng-oseng kangkung utawa karo sayuran kates ijo sing digawe dudoh bening. Samangsa rendhengan, ping pindho Sabari ora bisa manen gabah amerga akeh ama wereng sing padha ngamuk.
Mula ing mangsa ketiga iki kulawargane Sabari bakal kaliren jalaran paceklik. Sabari wis ora duwe pangarep-arep maneh kejaba pangarep-arep marang sing wadon supaya gelem nyambut gawe, ora mung neng omah terus-terusan. Nek sing wadon gelem nyambut gawe neng kutha, dheweke uga gelem momong anake neng omah. Sajake sing wadon bisa dadi tukang umbah-umbah utawa dadi babu ing kutha.
“Nek ora gelem nyusul Kang Parto, aku arep nyoba golek penggaweyan ing kutha. Aku wis siyap dadi babu utawa dadi apa wae sing baku entuk dhuwit kanggo nyambung urip,” sing wadon guneman maneh.
Sabari tetep ora mangsuli. Atine saya bingung. Nek dheweke ngejarake sing wadon lunga menyang kutha, kudune ora usah sujana maneh. Nek sing wadon nemoni nasib ala, kudune ya ditrima kanthi sabar. Umpamane sing wadon kapeksa adol raga ing kutha, ya kudune ora usah gawe lara atine.
Sabari ujug-ujug eling marang ngendikane para ustad. “Samubarang sing haram bisa dadi halal nalika ana kahanan darurat.”
“Apa kahanan saiki bisa dianggep darurat kanggone kulawargaku?” Sabari guneman sajrone ati sing saya bingung.
Sesuke, nalika sing wadon ujug-ujug pamitan arep lunga menyang kutha, Sabari mung bisa manthuk-manthuk.
“Dongakno aku bisa cepet enthuk penggaweyan sing kepenak ben bisa mulih karo nggawa dhuwit akeh ya, Kang.”
Sabari manthuk-manthuk maneh.
Nalika sing wadon wis budhal menyang kutha, anake ujug-ujug takon. “Emak jare arep dadi babu, nanging jare tangga-tangga kok Emak arep adol raga. Sing bener sing endi, Pak?
“Sing bener ya Emakmu, Le. Ora usah nggagas omongane tangga.” Sabari mangsuli pitakone anake karo ati panas. Pancen ora gampang nyancang ilate tangga sing senengane nyatur alane liyan.
Nanging ing kampunge iku pancen wis akeh wong wadon sing kapeksa adol raga ing kutha saben mangsa paceklik teka. Amarga ora ana penggaweyan liya sing bisa landhung.
***
“Ngapurane sing akeh, ya Kang. Aku kapeksa mulih tanpa nggawa dhuwit. Sakojur awakku rasane kaya bar digebugi. Aku nemoni nasib ala, Kang. Awakku digilir bocah-bocah nakal sing cacahe wolu ana tengah sawah sakburine terminal,” sambate sing wadon kanthi mingsek-mingsek.
Mripate Sabari dumadakan mbrebes mili. - Oleh : Hawa Arofah
http://edisicetak.solopos.co.id/zindex_menu.asp?kodehalaman=h49&id=97909
0 Response to "Paceklik"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan