Raden Setya dipunparingi asma Sunan Kalijaga
7:30 PM
Add Comment
Babad Tanah Jawa
Raden Setya dipunparingi asma Sunan Kalijaga
Nuju sawijining dinten Kanjeng Sunan Bonang aran takabul ngelmi, lampahipun kanthi ngasta Kitab Quran lajeng dumugi wonten ing wana kapapag dursila ingkang dedamelanipun mbebegal.
”Mandeg, sira nggawa apa. Tak jaluk gawanmu lan tekenmu barang,” pangucapipun begal kala wau.
Sunan Bonang mangsuli. “Lah enya, mreneya gawanen!” wangsulanipun Sunan kanthi ngelungaken ecisipun.
Kocapanipun begal mara ajeng
nampani teken wau, ing wusana badanipun ndredheg gumeter lenggah wonten ing ngarsanipun Kanjeng Sunan Bonang.
Sunan Bonang ngendika, “Enya gelis gawanen!”
”Dhuh gusti, kula nyuwun ngapunten. Badan kula jimpe sadaya sapunika kula nyuwun mratobat ing pukulun, pejah gesang kula sumangga ing karsa,” si begal matur ngregripih.
Sunan Bonang ngandika malih. “Tobat temenan sira kaki. Sira kudu manut marang agamaning Rasul.”
Begal datan lenggana, manut miturut punapa sadhawuhipun Kanjeng Sunan Bonang, tumuli kawejang sarak Rasul. Sembahyang gangsal wekdal, yakat, pitrah, siyam, minggah kaji. Piwulang wau sampun kacakup sadaya. Sunan Bonang ngandika malih. “Sira aja lunga-lunga saka kene. Tunggunen kayu gapuk iki. Poma aja lunga yen aku durung prapta ing kene. Lah wis karis, sun nutugake laku.”
Ingkang sinabdan matur nuwun inggih sandika. Kocapanipun Raden Setya ingkang nengga kajeng wonten sapinggiripun lepen mboten tindak-tindak. Menawi kraos arip ambyur wonten ing lepen ngantos mboten eling dhahar lan sare. Kacariyos dangunipun sampun wonten tigang wulan Kanjeng Sunan prapta. Ingkang wonten lepen taksih ketingal thenguk-thenguk, lajeng ngandika.
“Lah Jebeng payo meluwa sira sun wenehi jejuluk Sunan Kalijaga. Raden Setya matur sandika ndherek. Lajeng sesarengan lumampah, njujug ing Kauman lajeng dhateng mejid. Sadumuginipun wonten mejid Kanjeng Sunan Bonang ndhudhuki siti wonten ing ngajeng kori mejid. Ingkang dinamel ndhudhuki ecisipun. Mboten dangu sampun dados kaluwar tumuli ngandika jebeng lah sira mlebuwa. Ingkang ingatag datan lenggana lajeng lumebet ing kaluwar. Sunan Bonang tumuli tindak.
Kocapanipun ingkang wonten salebetipun kaluwar wayah ratri namung ngabektos kemawon. Antawisipun sampun pikantuk tigang taun dangunipun. Kanjeng Sunan prapta dhawuh marang para kaum supados ndhudhuki ngajeng kori mejid. Ingkang dhinawuhan rumagang sami ndhudhuki mboten dangu pandhudhukipun sami kaget sadaya amargi nyumerapi wonten tiyangipun nembe lenggah sidhakep madhep mangetan, dados sami leren pandhudhukipun. - Oleh : Damar Sri Prakoso
http://edisicetak.solopos.co.id/zindex_menu.asp?kodehalaman=h49&id=97036

0 Response to "Raden Setya dipunparingi asma Sunan Kalijaga"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan