Macapat Serat Walisanga
8:41 PM
Add Comment
Edisi : Kamis, 13 Januari 2011 , Hal.IX
Macapat Serat Walisanga pupuh Asmarandana pada 4 dumugi pada 9
4. Nadyan akeh kang wiwisik,
Wosing wasana wus ana,
Mung kari met pratikele,
Ing sawusira pepekan,
Kanjeng Sinuwun Bonang,
Ingkang miwiti karuhunan,
Lan Sinuwun Kalijaga.
5. Sunan Carbon myang kang rayi,
Pandanarang seh Lemahbang,
Lan Suhunan Majagunge,
Suhunan ing Banten lawan,
Suhunan Girigajah,
Samya agunem ing ngelmu,
Jenenging masalah tekad.
6. Jeng Sinuhun Ratugiri,
Amiwiti angandika,
He sanak manira kabeh,
Pratingkahe wong makripat,
Aja dadi parbutan,
Dipunsami ngelmunipun,
Padha peling pinelingan.
7. Wong wowolu dadi siji,
Aja na wong kumalamar,
Dipunrujuk ing karepe,
Den waspada ing Pangeran,
Nenggih Sinuwun Bonang,
Ingkang miwiti karuhun,
Amedhar ing pangawikan.
8. Ing karsa manira iki,
Aran Tokid lan Makripat,
Weruh ing kasampurnane,
Lamun maksiya makripat,
Mapan durung sampurna,
Dadi batal kawruhipun,
Pan maksih rasa rinasa.
9. Sinuwun Bonang ngukuhi,
Sampurnane wong makripat,
Suwung ilang paningale,
Tan ana kang katingalan,
Iya jenenge tingal,
Manteb Pangeran kang Agung,
Kang anembah kang sinembah. - Oleh :
http://edisicetak.solopos.co.id/zindex_menu.asp?kodehalaman=h49&id=97914
Macapat Serat Walisanga pupuh Asmarandana pada 4 dumugi pada 9
4. Nadyan akeh kang wiwisik,
Wosing wasana wus ana,
Mung kari met pratikele,
Ing sawusira pepekan,
Kanjeng Sinuwun Bonang,
Ingkang miwiti karuhunan,
Lan Sinuwun Kalijaga.
5. Sunan Carbon myang kang rayi,
Pandanarang seh Lemahbang,
Lan Suhunan Majagunge,
Suhunan ing Banten lawan,
Suhunan Girigajah,
Samya agunem ing ngelmu,
Jenenging masalah tekad.
6. Jeng Sinuhun Ratugiri,
Amiwiti angandika,
He sanak manira kabeh,
Pratingkahe wong makripat,
Aja dadi parbutan,
Dipunsami ngelmunipun,
Padha peling pinelingan.
7. Wong wowolu dadi siji,
Aja na wong kumalamar,
Dipunrujuk ing karepe,
Den waspada ing Pangeran,
Nenggih Sinuwun Bonang,
Ingkang miwiti karuhun,
Amedhar ing pangawikan.
8. Ing karsa manira iki,
Aran Tokid lan Makripat,
Weruh ing kasampurnane,
Lamun maksiya makripat,
Mapan durung sampurna,
Dadi batal kawruhipun,
Pan maksih rasa rinasa.
9. Sinuwun Bonang ngukuhi,
Sampurnane wong makripat,
Suwung ilang paningale,
Tan ana kang katingalan,
Iya jenenge tingal,
Manteb Pangeran kang Agung,
Kang anembah kang sinembah. - Oleh :
http://edisicetak.solopos.co.id/zindex_menu.asp?kodehalaman=h49&id=97914
0 Response to "Macapat Serat Walisanga"
Post a Comment
mugi panjenengan kepareng paring panyaruwe saha wawasan